Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2020

Cerita Reang

Author : Intan Indah W. N. @int.06 Cerita Reang Langit mendung nyelimuti kali cimanuk. Rintik udan dekat maning garep nepluk. Banyue dideleng nambah surut. Angin semilire nembragi awak. Ning desa muara urip sekeluarga bahagia sing ngedepanaken aktivitas ngegosip dadi prioritas. Endase keluarga arane rago singkatan sing raja gosip. Kerjae serabutan. Duwe rabi arane surti. Kerjae dagang sembako bari ngerumpi. Weru bae apa sing hot ning desa kuh. Duwe anak arane bigos, umur e 12 tahun, hobie ngomongi wong, biyange segala gosip. Keterununan mbok bapane. Keluarga iki Ngomongi wong wis dadi kebiasaan. Ning endi bae. Pasti. Ora pernah kelewat. Ngandanie ampe lancar kaya uyu esuk. Kaya kenen contohe. Ning warung mpok samber dodok karso karo rago. Kopi wis diseruput ning tangan, wis ana gorengan, ning cangkeme wis solot ngengunyah. " So ira weru tah bli?." jare rago bari nyruput kopie. " Weru apa go?." jare karso bari ngengunyah gorengan bakwan. " Ning kan...