Cerita Reang
Author : Intan Indah W. N.
@int.06
Cerita Reang
Langit mendung nyelimuti kali cimanuk. Rintik udan dekat maning garep nepluk. Banyue dideleng nambah surut. Angin semilire nembragi awak.
Ning desa muara urip sekeluarga bahagia sing ngedepanaken aktivitas ngegosip dadi prioritas.
Endase keluarga arane rago singkatan sing raja gosip. Kerjae serabutan. Duwe rabi arane surti. Kerjae dagang sembako bari ngerumpi. Weru bae apa sing hot ning desa kuh. Duwe anak arane bigos, umur e 12 tahun, hobie ngomongi wong, biyange segala gosip. Keterununan mbok bapane.
Keluarga iki Ngomongi wong wis dadi kebiasaan. Ning endi bae. Pasti. Ora pernah kelewat. Ngandanie ampe lancar kaya uyu esuk.
Kaya kenen contohe. Ning warung mpok samber dodok karso karo rago. Kopi wis diseruput ning tangan, wis ana gorengan, ning cangkeme wis solot ngengunyah.
" So ira weru tah bli?." jare rago bari nyruput kopie.
" Weru apa go?." jare karso bari ngengunyah gorengan bakwan.
" Ning kana kah. Teba tikungan jare kosim arep gawe umah tapi duite olih utang." jare rago nunjuk - nunjuk tikungan bari nampakkaken rai kaya wong kaget.
" Masa sih?. Jare ntas olih warisan sing bapane." jare karso mulai penasaran.
Setelah lancar ngegosip bareng rago. Akhire karso lunga ulu kenang ana urusan. Rago masih seneng nyeruput kopi bari ngegoda anake mpok samber. Selang beberapa menit warno teka mesen sega lengko lan es teh. Dodok ning sebelah rago. Pasti wis pada nebak apa sing arep dilakukaken rago kan. Ya. Wis pasti. Ngandani kosim. Sing luih parah maning sisan ngandani karso sing lagi mau dodok bareng. Ya konon ra bisa dipercaya!.
Pengen weru pie cara rabine ngegosip. Ok. Kuy baca terus. Dadi mengkenen. Carane kuh baka ana wong tuku di ajak kanda, nah baka wong tukue kanda, kenang surti ditampung nggo wong tuku sejen.
Cara mengkenen paling efektif nyebaraken gosip gelis. Nembe 3 dina bae tangga desa wis pada weru gosipe. Kan membahana.
Sebenere sistem ngegosip keluarga iki pada bae. Cuman tempate bae sing beda. Baka rago ning tempat kerjae, baka surti ning wong tukue nah baka bigos ning batur sekolahe.
Kui sekilas perkenalane. Yuk lanjut baca kepriben sih tingkah laku keluarga kuen.
Kie genahe ning umah pak rago. Jawane lagi pada sarapan. Keluarga iki ngumpul kabeh ning meja mangan. Lan uwis dadi kebiasaan. Baka lagi mangan sing pertama - tama baca doa. Nah sing keloro nginung disit, engko ben ra nginung mampet ning usus. Hehe. Nah sing ketelu ya mangan bari ngobrol. Ngegosip.
" Bu ayame pak RT jare ilang. Gegere mah dicolong maling." jare pak rago bari ngunyah sega.
" Angel kari bapak kuh. Baka ilang ya dicolong maling." jare bu surti bari ngepel sega lan ngguratna rai nyewot.
" Malinge wong endi pak?." jare bigos melu - melu.
" Anake yu riba wong tangga desa nang. Dadi bener maling pelakue." jare pak rago sok polos pisan.
" Lah arane maling toh pak?." jare bu surti bari cangkeme mangap.
" Ya iya. Ibu - ibu lan bapak - bapak gah pada ngomongi. Maling sing emet. Maling kurang ajar. Dasar maling jeh." jare pak rago tanpa bersalah.
" Aduhhhh." jare bu surti lan bigos bari nggopeke batuk.
Sebenere maling sing dikandai iku arane maling anake yu riba. Konon.
" Yawis. Kita miyang sekolah bu, pak. Pusing. Angel kari bapak kuh. Miyang." jare bigos bari nggo tas terus salaman klan mbok bapae.
" Assalamualaiku." jare bigos bari ngelangkahaken sikile metu meng umah.
" Waalaikumsalam." jawab bapak lan ibu bebarengan.
Waktu gelis pisan mutere ketemu sore bae. Surti iki niate arep nganterna beras ning bu dasem. Beras delivery jeh.
Sesampe surti ning umahe bu dasem. Ning kono lagi akeh uwong. Lagi ana acara obengan. Kenang sukiki anake bu dasem garep sunatan.
" So angkaten berase meng jero." jare bu dasem ngongkon darso bari ngiketi bongko.
" Iya engko mak dekat maning. Nanggung lagi FF an." jare darso masih fokus ning hp.
" Dolanan hp bae sedina - dina. Tak banting pisan hp e. Kader mung dikongkon sedekat bae kah. Angel pisan sira kuh so!." jare bu dasem rada ngegas.
"Emak kuh ya. Ngedumel bae kah." jare darso masih fokus ning hp e.
" Mene hp ne cul. Tak banting bae. Mader di tukukna hp gah langka salah terimae." jare bu dasem nambah ngegas bari mareki darso.
" Aja mak. Engko engko lagi ngekill kih. Depat maning arep menang." jare darso bari gemeteran wedi ning emboke.
" Mene bli!." jare emboke bari tangane ngusahakaken nggo ngemet hp e darso.
" Iya. Iya aja mak. Yah emak mah. Kalah bli kuh." jare darso mengkel.
Akhire nggo ati setengah - setengah darso ngangkati berase.
Balik maning ning ibu - ibu. Jagate wis nambah peteng. Sing lagi mau pada ngegosip kien wis pada bubar kabeh, kecuali surti karo pemilik umah yaiku bu dasem. Alon - alon dasem mareki surti.
" Ti. Kita arep cerita karo sira."
" Cerita apa sem."
" Tapi aja wara - wara ya."
" Iya. Tapi cerita apa sem. Kita ora bakal cerita ning sapa - sapa."
" Dadi kenen. Bu tarmi kuh nyilih duit ning kita. Terus tak jaluk eh malah kita sing di umbangi. Malah ngomong sing ora - ora. Kita kan kien gapan slametan. Butuh duit akeh ora mah."
" Dih ai dih. Kun mah mengkonon temen ya. Terus."
" Sira due duit beli?. Selangna kita gah. Tapi aja wara - wara laki bari mertuae kita. Ya pokoke aja wara - wara klan wong sejen bae."
" Dudu saking apa - apa. Kita gah kanggo nggo belanja warung, bayaran bigos. Punten bae sem."
" Yawis ora papa. Kun gah lamon ana lamon langka mah yawis."
" Kita kuh pegel lamon dirasa mah sur. Kakang pertamae miyang luar lagi meteng, kien sing ke loro lulus SMA mengkonon bae, sing cilik ya durung bisa dicagerna."
" Ai nurti e lagi meteng, klan sapa?. Bukane durung kawin."
" Ya mengkonon. Aja wara - wara ya. Klan majikane. Kien gah mbuh lagi rued men kinih."
" Lah adoh - adoh dicicipi wong ya sem. Sing sabar bae sem."
" Temenan ya sur. Aja wara sapa - sapa. Bapane gah drung weru. Kita bli wani ngomonge. Wadon siji - sijie......."
" Iya. Wis sing sabar bae"
Surtipun balik mengumahe. Ning umah langsung cerita ning keluargae. Wih, sampe seru pisan. Bigose ana cerita hot, ragoe ana maning lan sing paling hot surti geh duwe.
Keesokan dinae. Keluarga iki pusat aken cerita sing digawa surti. Ceritae dasem. Bigose nyebarna ning batur - bature, pas pisan anake dasem gah sekolah bareng klan bigos. Ragoe nyebarna ning tempat kerjae. Lan surti nyebar aken ning sapa bae sing ketemu.
****
Sukikie. Surti ngelankahaken sikila marani tukang sayur. Ning kono akeh para ibu - ibu lagi ngegosip. Gage - gage bae surti pareki.
" Anake pak mamat kah nyolong maning jeh." jare warti bari milih sayuran.
" Aih jare masih ning penjara." Jare arsih rada kaget.
" Lah ora weru tah?. Wong wis metu. Ya. Kiene malah manjing maning." Jare warti seru nemen.
" Mana mene gah didikan emboke. Kaya anake bi dasem kah." serobot surti nampah seru.
" Kenang apa emange?. Kaen mah enak anake luaran duite geh akeh." jare arsih bari nelampakaken wajah penasaran.
" Ning kene enak nengan. Ning kana mah anake dicicipi. Ups keceplosan." jelas surti bari sok plongo.
" Sing bener gah." ucap ibu - ibu kabeh kompak.
" Wis gah. Aja wara - wara." jare surti bari ngulur waktu, sengaja bari ibu - ibu papa penasaran lan kandae mambah panas.
" Sih sira mah kari cerita guh setengah - setengah. Mene gah tutugna. Penasaran kih." jare warti sing diangkuki ibu - ibu kabeh.
" Aja wara - wara ya. Poma kih." jare surti serius.
" IYA. Gage." jare ibu - ibu kompak.
" Dadi kenen, ........" akhire surti jelasaken kejadian sing lagi kaen di ceritakaken dasem ning deweke.
Lat rong dina. Berita dasem sing meteng ulu ning luar negeri wis dadi tranding topik. Topik sing lagi anget - angete diomongi. Ning kana, ning kene, ning jero desa, ning jaba desa, tangga desa lor, tangga desa kidul. Wis weruh kabeh. Nyinyiran lan ejekan terus ngantem keluargae dasem. Pikiran terus - terusan, masa repane wis suram, penyesalan dadakan mareki. Mikiri sapa biyang sing nyebarna iki. Keluarga dasem ancur. Lakine sewot nemen. Isin nemen. Lungah adoh - adoh kalah kebobolan. Terus sing luwih parahe, lakine weri jare uwong.
*#*Nah kien mah pesen bae sing kita. Baka duwe cangkem kuh dijaga. Terus baka due masalah kuh, poma bae aja wara - wara ning wong luar. Cukup keluargae sampeyan bae sing weru. Wis konon bae. Semoga bermanfaat. Bye bye.
Puisi bahasa Indramayu
1.
Nonggoni tekae sira, kita ning kene dodok
dewekan
Dibaturi langit mendung sing arep gawe
tangisan
Angin atis sing nyelimuti badan
Nusuk sampe ning sejerone ati lan pikiran
Ngeharapaken sira gage balik, iku cuman
harapan semu
Sing ora bakal nyata
Tapi kita masih setia nonggoni
Ning kene, ning tempat kita karo sira
bebarengan
2.
Angin semilir nampar awakku
Gemeteran kabeh digawene
Hatie wis pasrah ora bisa apa - apa
Mung bisa ngeraksakna kata lara sing nusuk
ning sejerone jiwa.
3.
Kerasak - kerusuk munie omongan tangga
Sing cuman bisa ngomong blenake bae
Sing omongane kaya pedang
Nusuke pas nemen ning ati
Perihe ora cukup sedina sewengi
Korenge wis membekas ning naluri
Larae wis netep ning ati
Cuman bisa meneng meratapi
Copyright © 2020 kokicantik Media Creative
Komentar
Posting Komentar